Pawarta
Sembako mindak awis wonten pasar Parakan
Sembako ingkang tambah dinten tambah awis, sembako ingkang awis meniko kados ke lombok,gendis,uwos kalihan lisah lan mie.
Wonten ing pasar Legi Parakan Temanggung Jawa Tengah,Seloso tanggal 15 April 2023. Regi sembako mindak awis sanget kados ke lombok ingkan regine 35.000/kg kala kaleh wulan kepengker sakniki mindak 65.000/kg.
Gendis ingkang 20.000 sakniki mindak dados 28.000/kg. Menawi uwos ingkang sae kala wulan kepengker 15.000/kg sakniki mindak dados 18.000/kg.
Lisah inggih mindak sanget regine,sangking 20.000/kg sakniki dados mindak 30.000/kg. Lan mir Eko kemasan Ageng. kala wulan kepengker 10.000 sampun mindak dados 14.000/ bungkus.
Comments
Post a Comment